Jumat, 19 Mei 2017

UYON-UYON LAN BABAGAN GAMELAN

UYON-UYON

Tembung uyon-uyon saking tembung nguyu-uyu ingkang tegesipun gegendhingan nabuh gamelan kadosta rikalanipun kagungan kersa lan sapiturutipun (Poerwadarminta, 1939: 436). Wonten pamanggih sanès bilih uyon-uyon saged dipuntegesi ungeling gangsa/gamelan ingkang boten kinanthènan joged utawi kagunan sanèsipun. Kanthi makaten menawi ngrembag babagan uyon-uyon boten badhé uwal kaliyan kagunan karawitan. Menawi karawitan punika saged kanggé ngiringi manéka warnining pagelaran, tuladhanipun ringgit/wayang, kethoprak, beksan, ludruk, lan sapiturutipun. Déné uyon-uyon punika pagelaran karawitan ingkang madeg piyambak, boten kanggé ngiringi pagelaran sanèsipun.

Lelagon Pangatag, Laras Pelog Pathet Enem


Lancaran Gugur Gunung, Laras Pelog Pathet Barang


Tembung-tembung ingkang asring kapanggihaken ing Uyon-uyon :
  1. Cakepan inggih punika syair, tetembungan ingkang dipunangge ing tembang.
  2. Cengkok inggih punika lak-luking swanten kangge nglagokaken tembang.
  3. Gendhing inggih punika lelagoning gamelan kawangun saking mawarni aspek karawitan.
  4. Pedhotan inggih punika pamedhoting swanten ing satengahing tembang ing saben larik.
  5. Senggakan inggih punika unen-unen mawa lagu ing satengahing tembang ingkang binarung swaraning gendhing/ pradangga
  6. Gérong inggih punika tembang ingkang dipunlagokaken sareng kaliyan gamelan kanggé nyarengi gendhing, déné ingkang gérong para wiraswara/ pradangga.
  7. Sindhènan inggih punika tetembangan ingkang dipunlagokaken déning waranggana utawi pasindhèn binarung swantening gamelan/ lelagoning gendhing.
  8. Irama inggih punika ukuran rindhik rikating panabuhing gamelan.
  9. Bawa inggih punika tembang kangge mbukani gendhing utawi miwiti gendhing tanpa tabuhan.
  10. Buka inggih punika tetabuhan utawi swanten ingkang kanggé mbukani gendhing. 


SESORAH LAN TULADHA SESORAH

A.    PANGERTOSAN SESORAH
Pidhato inggihpunika omongan/ucapan kang ditata kanthi apik lan disampekaken marang wong liya. Pidhato minangka salah sawijine ketrampilan lisan kanggo ngungkapake isine pikiran, perasaan, gagasan, warta lan liya-liyane.


B.    RANTAMANING SESORAH/CENGKORONG/ KERANGKA
  1. Salam pambuka (manut kapitadosan saha swasananipun)
  2. Purwaka inggih punika ngunjukaken puja puji marang ngarsanipun Gusti saha atur panuwun marang para rawuh sarta ingkang mbiyantu lampahing adicara
  3. Surasaning basa/Isi pidhato kang gambarake maksud, gambaran, sasaran, lan liya-liyane
  4. Penutup kang gambarake dudutan, pangarep-arep inggih menika intisarining wedharan pangajeng-ajeng inggih menika bab bab kang dipunkajengaken dening ingkang nindakaken sesorah dhumateng ingkang mireng
  5. Salam penutup utawa Wasana inggih punika atur panuwun saha atur nyuwun pangaksami anggenipun nindakaken jejibahan.



C.     JINISING SESORAH

1.    Pidhato pembukaan, yaiku pidhato ringkes kang disampekake pembawa acara utama MC.
2.    Pidhato pengarahan, yaiku pidhato kanggo ngarahake sawijine kagiyatan.
3.    Pidhato sambutan, yaiku pidhato kang disampekake ing sawijine adicara tartamtu, kanthi wektu kangm ung sadhela, amarga sing menehi sambutan ora mung wong siji.
4.    Pidhato peresmian, yaiku pidhato kang dilakokake dining wong kang dueni pangaribowo kanggo ngresmekake samu barang.
5.    Pidhato laporan, yaiku pidhato kang isine ngelaporake sawijining tugas utowo kegiatan.
6.    Pidhato pertanggung jawaban, yaiku pidhato kang isine sawijine laporan pertanggung jawaban tugas utama/kagiyatan


D.    METODE-METODE SESORAH

1.       Sesorah kanthi model Apalan
Caranipun inggih menika saderengipun sampun damel serata sesorah lajeng dipunapalaken tembungipun ngantos ukaranipun persis kaliyan cathetan. Cara menika asring dipunginakaken dening lare-lare ingkang nembe gladhen utawi ajar.
2.       Sesorah kanthi model Naskah utawi Teks
Inggih punika juru pamedhar sabda saestu bekta naskah, teks utawi cathetan pidato lajeng dipun waos sawetahipun, boten dipunapalaken. Cara menika asring dipunginaken dening para pejabat utawi punggawaning negeri.
3.       Sesorah kanthi model Dadakan utawi Impromtu
Cara menika boten kanyana-nyana saderengipun menawi badhe dipunaturi sesorah, utawi ndadak ing adicara menika lajeng dipunaturi sesorah. Sangunipun cara sesorah menika kedah trampil ing pamicara saha kathah pengalaman saha seserepanipun.
4.       Sesorah kanthi model Eksemporan
Sesorah menika kanthi cara juru pamedhar sabda ngasta utawi damel cathetan alit minangka gaman utawi pangemut-emut urutaning ingkang badhe dipun ngendikakaken. Cathetan wau namung wos-wos utawi garis ageng ingkang badhe dipun aturaken.


E.     TULADHA TEKS SESORAH

tema ; Dinten Sumpah Pemuda

SUMPAH PEMUDA


 Assalamualaikum Wr. Wb.

 Bapak Kepala Sekolah ingkang satuhu kula bekteni, Bapak/Ibu Dwija saha karyawan SMA Negeri 11 Sembada ingkang satuhu kinurmatan, sarta kanca-kanca ingkang kula tresnani. Ingkang sepisan sumangga kula panjenengan sedaya ngaturaken puji syukur dhateng Gusti Allah ingkang maha welas asih ingkang tansah paring nikmat saha rahmat satemah kula saha panjenengan taksih saged pados ngelmu inggih menika taksih saged sinau wonten ing pawiyatan kita menika.

Kaping kalih, nuwun sewu kula sampun kumawantun jumeneng wonten ngarsa panjenengan sedaya saperlu badhe ngaturaken sesorah bab Sumpah Pemuda. Kula panjenengan sedaya tamtu sampun sami mangertos bilih tanggal 28 Oktober bangsa Indonesia mengeti dinten Sumpah Pemuda. Inggih menika salah satunggaling kedadosan sakral ingkang nedahaken dhateng sedaya tiyang bilih bangsa Indonesia bangsa ingkang anggadhahi semangat juang, semangat nyawiji bhineka tunggal ika, dados bangsa ingkang jumeneng kanthi jejeg.

Wondene wosipun Sumpah Pemuda inggih menika:

  1. Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku bertanah air satu, tanah air Indonesia
  2. Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku berbangsa satu, bangsa Indonesia
  3. Kami Putra dan Putri Indonesia mengaku berbahasa satu, bahasa Indonesia
Wosipun sumpah saha prasetya menika wajib kula saha panjenengan sedaya jagi saha dipunwarisaken dhumateng putra wayah kagem mujudaken gegayuhan kamardikan saha gesang kanthi gemah ripah loh jinawi tata tentrem kerta raharja, adil saha sejahtera. Kita minangka siswa nggadahi jejibahan njagi semangat dalah mempeng anggenipun sinau. Minangka pemuda kita ugi kedah semangat saha sregep anggenipun nyambut damel ngisi pambangunanipun bangsa.

Menika ingkang saged kula aturaken ngengingi babagan Sumpah Pemuda. Pramila cekap semanten kemawon atur kula, mbok bilih kathah klenta-klentuning atur kula tansah nyuwun agunging pangaksami.


Wassalammuallaikum Wr. Wb.

kapethik saking : http://kampoengilmu.com/sesorah-bahasa-jawa/sumpah-pemuda/

Kamis, 18 Mei 2017

CONTOH CERKAK JAWA

Sing Nandur Bakal Ngunduh

Esuk iki langite katon isih peteng, pedhute kandel banget, lan hawane uga adhem banget. Nanging, kuwi kabeh ora nyuda kekarepane Bu Umi kanggo dodol pohong menyang pasar. Sanadyan gaweyan iku abot, nanging Bu Umi ora tau nggresula. Bu Umi saiki mung urip karo putrane sing isih kelas I SMP. Bu Umi ditinggal bojone wis pitung taun suwene, amarga bojone Bu Umi duwe bojo liya. Kuwi uga dadi pawadan Ilham, putrane Bu Umi, luwih milih urip melu ibune.
Bu Umi biyasane menyang pasar jam setengah lima esuk. Ilham saben dina ngrewangi ibune nggawa dagangan menyang pasar, amarga pohung sing digawa kira-kira setengah kwintal. Sawise ngeterake dagangan, Ilham bali menyang ngomah kanggo siyap-siyap mangkat sekolah. Ilham kalebu bocah sing pinter lan sregep, saengga Ilham bisa sekolah ning SMP sing mutune paling apik lan dadi sekolah unggulan ing kabupaten.
Dina iki dagangan Bu Umi lagi sepi, amarga lagi mangsa rendheng saengga akeh pohung sing kebanjiran lan dadi ora enak dipangan. Wektu iki Ilham lagi butuh bayaran kanggo tuku buku lan seragam anyar. Bu Umi mung bisa sabar ngadhepi kuwi kabeh mau lan ngupayakake golek gaweyan liya sing bisa disambi dodol pohung. Bu Umi wis siyap-siyap ngukuti dagangane amarga wis jam sanga esuk. Nanging, Bu Umi mandheg sedhela amarga ana bocah cilik sing nangis neng ngarepe. Bu Umi banjur nyedaki bocah kuwi mau.
“Hlo, ngapa nangis, Ndhuk?” pitakone Bu Umi marang bocah kuwi.
“Aku nggoleki ibuku,” semaure nganggo basa ngoko amarga durung ngerti basa krama.
“Hla Ibumu sapa? Kepriye bisa pisah karo ibumu?” Bu Umi takon meneh marang bocah kuwi karo ngajak lungguh menyang lincak sing dinggo dodol Bu Umi.
“Aku pengin tumbas permen, aku nggoleki sing dodol permen.” semaure bocah kuwi karo isih nangis.
“Hla wis sida tuku permen?” pitakone Bu Umi karo njupuk wedang kanggo bocah kuwi.
Bocah iku mung gedheg lan malah tambah banter nangise.
“Oo… ya wis kowe nunggu ning kene wae karo ngombe wedang iki dhisik, Ibu arep numbasake permen kanggo kowe lan nggoleki ibumu dhisik ya?” welinge Bu Umi menyang bocah kuwi.
Sawise bocah iku meneng nangise, Bu Umi banjur tuku permen. Sanadyan regane larang, Rp5.000, nanging Bu Umi tetep numbasake permen kanggo bocah kasebut. Bu Umi ora tega karo bocah sing lagi nangis kuwi. Ing tengah pasar Bu Umi ngerti ibu-ibu sing katon bingung. Bu Umi marani ibu-ibu mau.
“Nyuwun sewu, menapa panjenengan nembe madosi putranipun?” pitakone Bu Umi marang ibu-ibu kuwi.
“Inggih leres, Bu. Menapa panjenengan mangertos anak kula?” ibu-ibu mau noleh menyang Bu Umi sing nakoni saka mburine.
“Menika wonten bocah putri ugi madosi ibunipun. Menapa leres putranipun panjenengan?” pitakone Bu Umi kanthi ngeterake menyang papan sing dinggo dodol Bu Umi.
“Ya ampun, Ndhuk. Kowe ning ngendi wae? Ibu sing nggoleki nganti bingung banget.” Bu Nurul, ngono asmane ibu-ibu kuwi, langsung nggendhong anake kuwi mau sing wis ora nangis.
Bu Umi njlentrehake kadadean mau marang Bu Nurul.
“Matur nuwun sanget nggih, Bu. Amargi sampun njagi anak kula,” Bu Nurul nyalami tangane Bu Umi kanthi mesem, bungah.
“Inggih Bu, sami-sami,” wangsulane Bu Umi kanthi menehake permen marang bocah kuwi mau.
Sawise Bu Nurul lan anake pamitan arep bali, Bu Umi nerusake nata dagangane sing arep digawa bali. Nalika tata-tata, Ilham nyusul menyang pasar amarga kepengin mbyantu ibune nggawa dagangan sing isih akeh. Dina iki lagi ana rapat kanggo guru ing sekolahe Ilham, saengga kabeh muride bali luwih cepet.
Saka njero mobil, Bu Nurul isih nggatekake Bu Umi karo Ilham sing lagi nglebokake pohung ning bagor. Ing batine, Bu Nurul gumun karo Bu Umi sing gelem tetulung marang wong sing durung tau ketemu.
Esuk-esuk Ilham arep mangkat sekolah, nanging atine tansah susah amarga durung bisa mbayar buku lan seragam. Bu Umi ngerti apa kang lagi dirasakake putrane.
“Le, Ibu ngerti kowe lagi susah amarga bayaranmu kuwi. Nanging, Ibu saiki durung duwe dhuwit sing ganep kanggo mbayar. Ibu rencanane mengko arep nyilih dhuwit menyang budhemu dhisik. Dadi yen dina iki Ibu entuk silihan dhuwit, sesuk kowe bisa mbayar buku lan seragam,” ngendikane Bu Umi marang Ilham.
“lnggih Bu, kula nyuwun ngapunten sampun ndadosaken Ibu susah.”
“Iki wis dadi tanggung jawabe Ibu. Dadi kowe ora usah njaluk ngapura,” Bu Umi nglipur putrane supaya ora sedhih maneh.
“Nggih Bu, kula badhe mangkat sekolah rumiyin,” Ilham pamitan lan salim marang ibune.
Nalika sayah ngaso, Ilham menyang perpustakaan ing sekolahe. Ing kono uga ana Bu Nurul. Bu Nurul ing sekolahe Ilham amarga Bu Nurul iku garwane kepala sekolah ing kono. Bu Nurul ngerti yen Ilham kuwi putrane Bu Umi amarga wis tau weruh nalika ning pasar.
Bu Nurul nyawang Ilham kayane lagi susah, banjur arep nyedhaki Ilham nanging bel tandha mlebu kelas wis muni. Bu Nurul ora sida nemoni Ilham. Bu Nurul wis bisa ngira-ira yen Ilham lagi mikirake bayaran amarga minggu iki telat-telate mbayar.
Bu Nurul banjur menyang kantor tata usaha (TU) lan nakokake bayaran sekolahe Ilham sing durung lunas. Bu Nurul kepengin mbiyantu mbayar buku lan seragame Ilham, nanging sadurunge kudu takon dhisik marang Ilham.
Nalika bali sekolah, Ilham dikon menyang kantor TU kanggo nemoni Bu Nurul. Amarga durung ngerti apa pawadane dheweke diceluk menyang TU, atine Ilham dadi dheg-dhegan. Banjur diterangake yen bayarane arep dilunasi Bu Nurul kanggo wujud matur nuwune marang ibune Ilham. Ilham seneng banget lan njaluk idin arep matur marang ibune dhisik.
Sawise Ilham matur marang ibune, Bu Umi kaget. Lan kanggo rasa ngurmati, Bu Umi menyang sekolahe Ilham lan nakokake piwelinge Bu Nurul rikala wingi. Bu Nurul wektu iku uga ana ing sekolah.
“Bu Umi, kula badhe nyuwun pirsa menapa kula angsal mbiyantu panjenengan anggenipun mbayar buku lan seragamipun Ilham? Menika kangge wujud matur nuwun kula dhateng panjenengan ingkang sampun mbiyantu njagi anak kula nalika wonten peken,” pitakone Bu Nurul kanthi alus supaya ora nglarani atine Bu Umi.
“Saderengipun matur nuwun, ananging kula menika ikhlas mbiyantu panjenengan lan boten gadhah gegayuhan menapa-menapa,” ngendikane Bu Umi.
“Inggih Bu, ananging menika ugi kangge bebungah Ilham amargi sampun dados juwara setunggal ing sekolah menika.” Bu Nurul wis ngerti yen Ilham duwe prestasi kang apik lan dhuwur ing sekolah.
“Alhamdulillah, menawi kados mekaten, kula ngaturaken matur nuwun sanget awit bebungah menika, Bu,” wangsulane Bu Umi sinambi mbrebes mili.
“Kula ingkang kedahipun ngaturaken matur nuwun dhateng panjenengan,” ngendikane Bu Nurul.
“Inggih Bu, sami-sami,” Bu Umi lan Bu Nurul banjur salaman.
Bu Umi ora ngira yen tumindake sing kanggone ora sepira kuwi bisa diwales kanthi kaya mangkono. Bu Umi tansah percaya yen apa wae kang dilakoni ing donya iki mesti bakal diwales kaya sing ditindakake, kaya unen-unen: apa sing ditandur, ya kuwi sing bakal diundhuh.

PENULIS: Kusmira Dwi Ayuani, Mahasiswa Program Studi Pendidikan Bahasa Jawa Universitas Sebelas Maret
KAPETHIK SAKING : http://www.solopos.com/2013/02/14/cerkak-sing-nandur-bakal-ngundhuh-379078

Pawartos lan Analisis

Padha-padha Banter

 Polrestabes Semarang isih nyelidiki sebab saka kecelakaan maut neng dalan Sriwijaya, ngarep TBRS, dina Rabu (6/1) nuli sing ngakibatake loro (2) wong mati. Nganti wingi, polisi durung bisa mriksa Hanif, korban slamet kecelakaan amarga isih nglakoni perawatan neng Rumah sakit.

”Kita butuh korban sing slamet kanggo dijaluki katrangan awal marang kedadean kecelakaan kesebut. Mengko yen wis dipriksa bisa meruhi amergane apa,” Tembung Panit Laka LAKALANTAS Polrestabes Semarang Iptu Jumantri marang Wartawan, dina Kamis tanggal 7 januari kepengker.


Dheweke nuturake, saka sacacah saksi, kecelakaan sing newaske loro wong kesebut sadurunge mung krungu suwara tabrakan sero. Dikira loro tunggangan saka arah bedha padha mlaku kanthi banter sadurung tubrukan.

”Mbokmenawan pengendara saka arah wetan dalane mudhun lan banter, saka kulon uga banter kuwi sing ora bisa dihindari,” turene.

Salah sawong kanca korban Damar Eko Prasetyo, Hanafi warga dalan Lobak RT06, Tlogobayem, Tembalang isih ndalani perawatan neng RS Roemani lan kondisine kritis.

Hanafi ngalami tatu nang kanggonan rai ngisor tepate neng kanggonan rahang. ”Dheweke isih dirawat neng RS Roemani, Hanafi kuwi sing mbonceng korban Damar Eko Prasetya,” gamblange.

Jenasah pengendara Honda Vario putih umur sekitar telung puluh (30) taun, nduwe awak kurus, kulit werna sawo mateng, ngrambut cendhak kanthi nggunakne klambi putih kembang-kembang wektu iki isih neng kamar mayit RSUP dr Kariadi.

Saka pakoleh penelusuran ing TKP, korban ngrupakne bakul pitik potong neng pasar Karangayu. ”Nanging kanggo mestekne kita arep nglakoke penelusuran lan panggolekan identitas amarga dheweke ora nggawa identitas arepa SIM utawa STNK,” tambahe.

Kapethik saking : http://pawartabahasajawa.blogspot.com/2016/01/contoh-berita-bahasa-jawa-tentang-kecelakaan.html

UYON-UYON LAN BABAGAN GAMELAN

UYON-UYON Tembung uyon-uyon saking tembung nguyu-uyu ingkang tegesipun gegendhingan nabuh gamelan kadosta rikalanipun kagungan kersa la...