UYON-UYON
Tembung uyon-uyon saking tembung
nguyu-uyu ingkang tegesipun gegendhingan nabuh gamelan kadosta rikalanipun
kagungan kersa lan sapiturutipun (Poerwadarminta, 1939: 436). Wonten pamanggih
sanès bilih uyon-uyon saged dipuntegesi ungeling gangsa/gamelan ingkang boten
kinanthènan joged utawi kagunan sanèsipun. Kanthi makaten menawi ngrembag
babagan uyon-uyon boten badhé uwal kaliyan kagunan karawitan. Menawi karawitan
punika saged kanggé ngiringi manéka warnining pagelaran, tuladhanipun ringgit/wayang,
kethoprak, beksan, ludruk, lan sapiturutipun. Déné uyon-uyon punika pagelaran
karawitan ingkang madeg piyambak, boten kanggé ngiringi pagelaran sanèsipun.
Lelagon Pangatag, Laras Pelog Pathet Enem
Lancaran Gugur Gunung, Laras Pelog Pathet Barang
Tembung-tembung ingkang
asring kapanggihaken ing Uyon-uyon :
- Cakepan inggih punika syair, tetembungan ingkang dipunangge ing tembang.
- Cengkok inggih punika lak-luking swanten kangge nglagokaken tembang.
- Gendhing inggih punika lelagoning gamelan kawangun saking mawarni aspek karawitan.
- Pedhotan inggih punika pamedhoting swanten ing satengahing tembang ing saben larik.
- Senggakan inggih punika unen-unen mawa lagu ing satengahing tembang ingkang binarung swaraning gendhing/ pradangga
- Gérong inggih punika tembang ingkang dipunlagokaken sareng kaliyan gamelan kanggé nyarengi gendhing, déné ingkang gérong para wiraswara/ pradangga.
- Sindhènan inggih punika tetembangan ingkang dipunlagokaken déning waranggana utawi pasindhèn binarung swantening gamelan/ lelagoning gendhing.
- Irama inggih punika ukuran rindhik rikating panabuhing gamelan.
- Bawa inggih punika tembang kangge mbukani gendhing utawi miwiti gendhing tanpa tabuhan.
- Buka inggih punika tetabuhan utawi swanten ingkang kanggé mbukani gendhing.
KAWRUH BUDAYA GAMELAN
KARAWITAN
Gemalan miturut Baoesastra Djawa W.J.S
Poewadarminta inggih punika arane tetabuhan kang rericikane akeh banget
(saron,bonang, gender lsp). Bahang ingkang dipun kagem bahan ngggawe gamelan
inggih punika perunggu utawa gangsa, kuningan lan barut. Gamelan inggih punika
slah sijingin corak gamelan kang urip ing tlatah Jawa Tengah (uga Yogyakarta)
lan sebaiyan Jawa Wetan.Musik gamelan jawa niku beda kalihan
musik gamelan saka dhaerah liya amarga yen musik gamelan jawa umume nduweni
nada luwih lembut lan nganggem tempo ingkang alon, beda kaliyan gamelan ingkang
saking Bali, ingkang temponipun luwih cepet. Lan gamelan sundha musike ingkang
mendayu-dayu lan didominasi swara suling. Amarga niku, Gamelan Jawa niku uga
kasebut Pentatonis. Gamelan komplit menika nggadahi 2 laras inggih punika :1.
Gamelan
Slendro : ing gamelan slendro boten wonten nada 4
kalihan 7. Laras slendro gadah 5 nada, inggih punika 1 2 3 5 6 kanthi interval
kang sami.
2.
Gamelan
Pelog : gadah 7 nada inggih punika 1 2 3
4 5 6 7.
Gamelan Pentatonis menika dhasare ana
6 nada ( penta : 5, tone : nada ). Laras
inggih puniksa swara kang ajeg dhuwure,
ora owah, kasebut uga nadam sistem nada/ tonalsystem. Pathet inggih punika
ukuran endhek dhuwure laras, minangka wates wilayah nada.-
Pathet
ing laras slendro : pathet 6, pathet 9, lan pathet manyura.
-
Pathet
ing laras Pelog : pathet 5, pathet 6, lan pathet barang.
Pathet iku kadosta panggenan kanggo
gendhing utawa ingkang ngatur gendhing. Ingwayang kulit mènawi ditanggap ing wayah dalu ugi
migunakaké pathet ing tabuhan gamelan. Pathet iki mertandaké
wayah, kadosta
·
Sléndra pathet nem saka jam 09.00-12.00 bengi
·
Sléndra pathet sanga saka 00.00-03.00 esuk
·
Sléndra pathet manyura saka 03.00-06.00 esuk
Arane pemain ingkang nabuh gamelan
inggih punika Panayaga utawa Nayaga/Wiyaga. Ingkang nembang arane Pesindhen
utawa wira-swara/swarawati.
RICIKAN
GAMELAN MITURUT WUJUD, BAHAN, CARA NABUH GAMELAN :
A. WUJUD
TEBOKAN
inggih menika
jinising gamelan kang carane nabuh kanthi dithuthuk, digebug, dikeplak lan
ditabok. Contonipun : Bedhug, Kendhang, Ketipung, Tambur.
Kendhang inggih
punika piranti gamelan kang ditabug nganggo kombinasi antara tlapak tangan
kaliyan driji.ing musik modern kendhang
digolongake piranti perkusi, kendhang ukurane luwih cilik tinimbang
bedhug. Swara kendhang umume inggih punika : dlang, dlong, dhah, dheng, thung,
ket, tong, lan tak. Jinising kendhang inggih punika :
1.
Kendhang
Ageng utawa kendhang Gendhing, yaiku kendhang kang
paling ageng ukuranipun lan ugi ngasilaken swara kang cendhek dhewe. Ngasilake
swara ingkang cendhek dhewe.
2.
Kendhang
Ketipung, yaiku kendhang kang paling cilik lan ngasilaken
swanten paling dhuwur. Biasane dipun tabuh bareng kaliyan kendhang ageng.
Jinising swara menika metu saking caranipun nabuh kang beda-beda.
3.
Kendhang
Batangan utawa kendhang ciblon, yaiku kendhang
kanthi ukuran sedheng kanthi swanten luwih dhuwur tinimbang kendhang ageng.
Kendhang menika biasa ditabuh kagem ngiringi tari/joged lan gendhing.
4.
Kendhang
Sabet utawa kendang wayangan, yaiku kendhang
kanthi ukuran sedheng kang luwih alit sithik tinimbang kendhang ageng lan luwih
ageng tinimbang kendhang batangan. Kendhang menika biasa ditabuh kagem ngiringi
pagelaran wayang.
B.
WUJUD WILAHAN
Inggih menika gamelan
kang ditabuh kanthi dithuthuk kadosta Gender, Slenthem, Gambang, Demung, Saron
lan Peking.
1. Gender, yaiku piranti gamelan kang kasusun ing
papan kados ayunan lan ing ngandhapipun wonten tabung kang ginanipun kangge
ngatur gema swantenipun. Cacahipun wonten 14 wilah, saking laras 6 ageng –
laras 3 alit.
2. Slenthem, yaiku piranti gamelan wujud balungan
kang ngasilake swanten alus katimbang balungan sanesipun. Cacahipun wonten 7
wilah Pelog lan 6 wilah Slendro.
3. Gambang, yaiku piranti gamelan saking kayu kanthi
tabuh kang luwih dawa. Cacahipun wonten 21 wilah, wiwit laras 5 ngandhap
ngantos laras 5 inggil.
4. Demung, yaiku piranti gamelan wujud wilahan
logam kang kasusun sadhuwure rancakan kayu. Ukuranipun paling ageng lan
ngasilaken swara paling cendhek.
5. Saron, yaiku wujud saron tengahan kang
ngasilaken swanten luwih dhuwur saoktaf tinimbang demung. Cacahipun wonten 7
wilah Pelog lan 6 wilah Slendro.
6. Peking/Saron Penerus, yaiku wujud saron paling alit nanging kagungan
swanten paling dhuwur lan wilahan kang luwih kandel. Swaranipun luwih dhuwur
saoktaf tinimbang saron barung lan kathuthuk kanthi singat/sungu mahesa.
C.
WUJUD WILAHAN PENCON
Inggih menika gamelan
ingkang wujudipun wilahan kanthi tambahan encon utawi jendhulan wonten ing
tengahipun, kang ditabuh kanthi dithuthuk kadosta Slentho, Gong Kemodhong lan
Kecer.
1. Slentho, inggih menika
wujud gamelan wilahan kados dene saron kanthi tambahan encon ing tengahipun.
2. Gong Kemodhong, inggih
menika wujud gamelan kang kasusun saking 2 wilah kang dipuntabuh teturutan
kanthi tambahan encon ing tengahipun.
3. Kecer, inggih menika
wujud gamelan kang ditangkubaken kaliyan pasanganipun kang wujudipun kados
piringan simbal namung kanti ukuran alit.
·
|
D.
WUJUD PENCON
Inggih menika piranti
gamelan kang wujudipun bunder kanthi tambahan enchon ing tengahipun kang
ditabuh kanthi dithuthuk.
1. Bonang, yaiku piranti
gamelan arupa pencon kang kasusun dados 2 baris (brunjung lan dhempok), saben
sabaris kasusun saking 5 utawi 6 pencon dados cacahe wonten 10 utawi 12. Wujud
bonang wonten 3 yaiku bonang panembung (paling ageng), bonang barung
(tengahan), bonang penerus (paling alit). Ukuran menika wau ngasilaken swanten
khas saben bonang.
2. Kethuk lan Kempyang, yaiku piranti gamelan pencon kang kasusun ing papan
kados ayunan. Ginanipun kangge tandha ajeging wirama lan nedahaken jinising
gendhing (Lancaran,Ladrang,Ketawang lsp)
3.
Kenong, yaiku piranti gamelan pencon kang gadhah ukuran paling ageng ing
kelompok gamelan kang diayun. Cacahipun wonten 6 pencon.
4. Kempul, yaiku piranti
gamelan kang digantung ing gayor ingkang bentukipun kados gong nanging luwih
alit kanthi swanten luwih dhuwur.
5. Gong, yaiku piranti
gamelan paling ageng kang kadamel saking tosan. Swaranipun paling
gedhe lan nadanipun paling cendhek, gong biasa ditabuh ing
pungkasaning akhir. Gong kabagi dados 2 yaiku gong ageng lan gong suwukan.
E.
WUJUD KAWATAN
Inggih menika wujud
gamelan ingkang kadamel saking kawat kados Rebab, Siter lan Clempung kanthi
cara nabuh digesek lan dipethik/cuwik.
1.
Rebab, yaiku piranti gamelan kang ditabuh kanthi digesek kang gunanipun
kangge murba lagu,damel variasi lagu lan kangg buka gendhing.
2. Celempung lan Siter,
yaiku piranti gamelan kang ditabuh kanthi dipetik kanthi cacah senar wonten 11
lan 13 pasang. Bebarengan kaliya siter clempung dados piranti utama ing
gamelan.
F.
WUJUD PIPA
Inggih menika piranti
gamelan kang kadamel saking pring kanthi cara ngungelaken dipun sebul, kadosta
suling.
1. Suling, yaiku piranti
kang kadamel saking pring kanthi ukuran ½ meter. Caranipun ngungelaken kanthi
dipun sebul, kangge damel variasi melodi. Swanten kaasilaken saking rongga
angin kang digeterake liwat sebulan angin.
G.
KEMANAK
Inggih menika piranti gamelan kang
wujudipun memper gedhang, kang biasanipun sami dipun tabuh kangge ngiringi
bedhayah.
TABUHING GAMELAN
Tidak ada komentar:
Posting Komentar